About

Minggu, 26 November 2017

[TUGAS] 9D : Foto BTS


   Yeah! Hai kanca-kanca! Balik maning karo aku, Tyas, sing lagi kepingin jus jambu. Kali iki aku bakal critakake foto BTS kelasku, 9D. EHEHE. IKU LOH, KELAS SING AWALE AKU ORA SENENG DADI SENENG. EHEHE. (Yen kepo bisa maca blog ku sing "Persiapan UTS")

    Foto BTS? Foto Bangtan Boys? Boyband Korea? :v UPS HEHE. Foto buku taunan sekolah ya ehe. Kelasku foto bts e ning Poltran Tegal utawa sing sering dikenal Transjaya / TJ. Mbayar :( perjam e 145 ewu. Sedih, sung. Bisa larang nemen. Tapi, ya, demi foto, lah, ya. Kudu modal...

  Foto BTS e dilakoni wingi pas dina Jumat tanggal 24 November 2017 jam loro awan. Alhamdulillah fotografer e tepat waktu :) Nyambi nungguni kanca sing durung teka, aku lan kanca-kanca foto-foto dhewek. 

    Kelasku nganggo klambi warna biru pas foto bareng-bareng. Sing wadon ora klalen nganggo jilbab warna abang. Cocok ora sih sebenere? EHEHE. Padahal jare aku cocok putih :v Sedangkan foto pergrup e kelasku beda-beda. Ana sing kelompokke nganggo warna abang, ijo, ireng, putih, lan liyane. Kelompokku nganggo klambi sing ana unsur putihe. Kelompokku yaiku ana Dea, Fayi, Adib, Tegar, lan Syifa. Propertine , ya, kur gitar tok. Tempat kelompokku foto olihe bagian ning jaring-jaring :v EHEHE. ESTETIK :v

    Foto BTS e ya cuman mangan 2 jam tok. Cepet nemen rasane. Mbuh, ya, pas ngerti wis rampung bisa kaya sedih nemen. Soale kenapa? 9D iku paling ruwet lan nasibe melasi nemen. Aku ya dadi kelingan sakdurunge foto perjuangan e kaya apa. OK. Aku ngerti kalian kepo. /hue

     Awale, kelasku iki pan foto ing PT Sanur sing temane eben ana vintage. Tapi, ya, durung rejekine. Jebule mobil jadul lan benda-benda sing apik nggo foto wis didol. Sedih nemen. Akhire pilihan aku lan kanca-kanca ya mlayune maring TJ. Dilalah ya waktu kuwi ora nggawa surat ijin saka sekolah. Akhire aku lan kanca-kanca terpaksa balik bae maring umah. RUGI NEMEN.

    Seminggu kemudian aku lan kanca-kanca maring TJ maneh. Kami maringi surat ijin lan ngomong yen dina Jumat pan foto album. Kami di omongi yen pan foto ya mbayar perjame. Eh, ana-ana wae kendala. Akhire ya fotone diundur maneh. Pokoke sengsara nemen, lah :v + rugi nemen :v

*Y. ABAIKAN. OK*

    O, iya. Ing TJ lumayan apik, loh.. Cuman, ya, masalahe mbayar ehehe.. Ana kreta-kreta tua eben ana nuansa travelling e ngonong ehehe.

OK. Tyas ora klalen bakal mbagi foto-foto pas BTS :3




Lapangan TJ


Foto karo Syifa B-)


eakk foto karo bu Neti B-)



EA EA CRITANE GIATARAN B-)



TYAS KARO BALON 'D' :')))


EAAKK <3



KARO LALA :)


TYAS KARO MARTHIN  SING DUWURE KAYA TIANG LISTRIK :)


KARO MAS BALFIS EAAA


TIM CURHAT TENTANG CINTA :3


CRITANE LAGI KECANGKOL JARING 

---------------------------------------

O. IYA SING KIYE AJA KLALEN :


KENANGAN ING PT SANUR :v




Salam hangat,


Tyas :)




Kamis, 16 November 2017

[TUGAS] Kemah

     Hai kanca-kanca! Piye kabare? Wis suwe iki aku ora nge posting blog hehe.. Kali iki aku bakal cerita tentang kemah sing diadakake tanggal 18 Oktober 2017.

     Kemah taun iki bisa dibilang enak lan ora enak. Enake, kebutuhane kelas sanga ora patia akeh lan rempong kaya kelas pitu lan wolu. Bayar 100 ewu, terus beres kabeh. Tenda wis dibangun, gari gelar karpet lan bisa istirahat ayem. Mangane ya enak-enak. Tapi esih kaya taun-taun wingi. Mesti ana tentara sing njaga ketat pas lagi mangan. Tapi hal kuwi ya biasa. Pasti gunane ya eben bocah-bocah disiplin. Sing ora enak apa? Sing ora enak, ya, kelas sanga sing melu ya setengah saka seangkatan. Mulane pas api unggun sepi nemen kaya kuburan. Yen kanca-kanca pan ngerti, biasane bocah lanang ramene Masya Allah... tapi ora tak duga bisa meneng nemen pas malam api unggun. Jangan-jangan....

     Abaikan sing miki :v Aku bakal critakake kagiyatan-kagiyatan pas kemah. 

     Jam pitu esuk, murid-murid sing kemah wis kumpul ning lapangan sekolah kanggo apel. Ya mesti ana sing telat. Padahal wis diberitau ning undangan yen jam semono ya wis mulai. Sawise apel, bocah-bocah pada siap-siap ngangkuti barang-barange maring truk. Yen reguku sih nggawa mobil dhewe. Perjalanan ya ora nganti sejam. Sawise teka ing Yon Zipur, aku lan kanca-kanca langsung mlayu golet tenda. Jebule tendane kelas sanga wis dibangun. EHEHEH. Seneng atiku :3 

     Reguku milih tenda sing keloro cedak karo tenda guru. Eben yen ana apa-apa perek maring guru lan gampang. Ora nunggu apa-apa, reguku langsung natani barang-barang. Nggelar tiker, lah.. Natani tas, lah... Dilalah e reguku klalen nggawa tong sampah. Untung ana sing nggawa kresek gedhe :v Ya apa olih gawe reguku tong sampah e nganggo kresek wae :v

      Wis kesel karo beres-beres, sing kelas sanga dikongkon istirahat nganti jam 3. Jam 3 sing kelas sanga dikongkon kumpul kanggo yel-yel karo tentarane. Sawise yel-yel, sing kelas sanga bebas. Laka kagiyatan sama sekali. Aku ya kur foto-foto lan ndeleng kagiyatan e kelas pitu lan wolu ning lapangan.

      Dina pertama rampung, pindah kedina loro. Dina keloro iki termasuke enak. Esuke, kelas sanga nglakukake outbound. Rutene adoh nemen. Mlaku maning. Tapi ya arane pramuka. Kesel iku wis biasa. EAAKKK. Outbound rampung jam 11. Balik outbound kelas sanga langsung mlayu maring kamar mandi. Ya iyalah jelas. Klambine teles klebes amarga nyemplung ning kali. 

       Sawise ishoma, jam 2 awan kelas sanga dikumpulake ing lapangan basket supaya mlebu maring angkot. Jadwale kelas sanga ya kaya kunjungan maring kantor dinas bupati lan maring pabrik gula pangkah. Eh, mbuh ding, klalen. Ngko tak inget-inget. HMMMM. Ning kantor dinase bupati padha weruh wayang, gamelan, lan jenise. Ning pabrik gula ya kaya tempat nggo foto-foto. 

       Bengine, ning malem keloro, api unggun dimule. Api unggune kaya sing mau aku crita ning awal. ORA ENAK :( SEPI NEMEN KAYA KUBURAN. Apik-apik, sih, sing tampil. Tapi penontone bisa kaya benda mati kabeh :v

       Esukke ya balik. Aku lan kanca-kanca juga balik nganggo mobil pribadi. Sakdurunge balik, apel ndisit. Tapi, iki sing gawe aku kecewa. Kelas sanga ne bisa dicueki. Ya, sih, bisa ngurusi dewe. Tapi, ya, aja ditelantarke. Melasi. 

       OIYA. Kemah taun iki aku lan reguku juga kenalan lan akrab karo tentarane :v kami sih ngundang e "PA CACA WAOW" /OK. ORAJELAS.

       OK. Aku bakal bagi-bagi dokumentasi pas kemah lan arti saking dokumentasine. Deleng baik-baik :v




Nah, ing duwur iki tendane bocah kelas sanga. Simpel.




Bar beres-beres barang ing tenda, foto ndisit B-)




sakdurunge outbound foto ndisit brooo B-) omong-omong, iki reguku. REGU ASTER B-)




telung taun kemah seregu bae karo bocah loro iki. :*




salah siji foto pas outbound :v teles bareng, kotor bareng, seneng bareng!




sawise kesel amarga outbound, bocah kelas sanga ing dina keloro nglakoni kunjungan maring umah dinas e bupati sing tempate perek karo SMA 1 Slawi. Apik, bro, sis. Isine wayang-wayang lan gamelan-gamelan.







Nah, iki sing paling aku seneng. Sawise maring umah dinas, aku lan liyane meluncur maring kene. Klalen sung arane.. Ngko tak inget-inget :v Nang kene apik tenan.. Yen kanca-kanca bosen lan bingung pan maring ndi, maring mene wae. Lokasine ing Pangkah. Aran tempate nyong klalen :(



Estetik hehehehe


     Nah, semono tok dokumentasi sing bisa aku bagi.. Sing liyane pribadi hehe :D kemah kuwi asyik, gengs. Memang gawe kesel soale aduse ngantrine suwe nemen.. Tapi nang kemah akeh pelajaran sing bisa di jukut lan akeh kenangan kang bisa dikenang sepanjang masa, eak.

oiya. ana bonus saka Tyas keh.
.
.
.
.
CA CA WAOOOOWWWW




Salam hangat,


Tyas :)

Kamis, 09 November 2017

[TUGAS] Persiapan Kemah




    Hai kanca-kanca! Piye kabare? Semoga sehat selalu! Kali iki aku bakal nyeritakake persiapan kemahku sing pan dianakake ing Yon Zipur tanggal 18 Oktober 2017. 

      Pertama-tama, aku bakal cerita tentang reguku dhisik. Kali iki aran reguku padha karo pas kelas 8. Yaiku regu aster. Aku seregu karo Dhea, Arsya, Monica, Lisa, Sarah, Nanda, lan Erli. Reguku iki anggotane absurd kabeh. Walopun absurd, Alhamdulillah kanca-kancaku ora angel-angel :v O iya. Aku, Dhea, lan Arsya seregu terus awit kelas 7.

      Kemah. Yen krungu arane kemah mesti mikire kaya kie, "Lah kemah. Ruwet. Gawe susah. Gawe kesel,". Tapi menurut aku, kemah biasa bae. Ora biasa nanging seru. Tapi kenapa liyane pada ngomong sing ora-ora? Eehehe. Apa gara-gara mbangun tendane sing ruwet kaya kisah cintane aku? /ngek. Iya, sih. Sampe saiki pun aku ora bisa mbangun tenda yen ora dibantuni kanca-kanca. Yauw. Aku dudu anak pramuka tapi aku seneng karo kemah. Kemah iku ya walopun gawe susah, tapi maringi akeh pelajaran.

      Nah. Kemah taun iki beda banget karo kemah taun wingi. Jarene kelas 9 di gawe 'SPESIAL'. Aku, ya, awale bingung. Yakin spesial? Sing spesial apane? HEHEHE. Asline sih kemah taun iki wajib. Tapi gara-gara sebagian ana sing protes, akhire guru-guru ora maksa. Ckckck... Padahal kan nggo seneng-seneng sakdurunge UN. Kudune melu. YA ORA? YA!

      Persiapan kemah taun iki ya ora ribet banget. Malah gampang nemen tapi bisa sing melu sebagian tok. Ckckck. Kelas 9 ne kur mbayar 100 ewu. Masalah tenda, pasak, tali, lan liyane, ya urusan e sekolah. Per regu kur dikongkon nggawa tong sampah lan tiker. Tapi ning reguku tak domongi nggo nggawa botol banyu sedus lan jajan eben wareg pas kemah. Ora klalen perlengkapan pribadine. Perlengkapan mangan, adus, sholat, obat-obatan pribadi, kaos olahraga, kaos turu, sepatu olahraga, lan liya-liyane.

      Ora ribet nemen oya? Kemah kuwi sebenere simpel. Cuman gara-gara awake dewek makane dadi ruwet. EHEHE. OK. Cukup semene critaku kali iki. Semangat selalu!



Salam hangat,

Tyas :)

Minggu, 10 September 2017

[TUGAS] Persiapan UTS

  


 Hai kanca-kanca! Ketemu maning karo aku ning Tyas's Blog. Kali iki aku bakal crita tentang persiapanku ngadepi UTS ning kelas 9. Wis pada siap UTS durung?? Hehe.. Semoga siap, ya!. Sakdurunge kuwi, aku bakal crita setitik tentang kisahku ning awal kelas 9.

     Awale aku ora percaya yen saiki aku kelas 9. Rasane nembe wingi aku nembe kelas 7, melu MOS. Aku kaget, nangis, ora percaya yen aku manjing kelas 9D. 9D iku kelas sing aku hindari awit kelas 7. Wis nang pojok, sebelahe kamar mandi lanang sing mambune ora karuan, peteng, lan jarene akeh setanne. Aku sedih banget. Harapane aku sabenere manjing kelas 9B. Aku be ora ngarti kenapa pengin manjing kelas kuwi.

   Tapi keluh kesahe aku sementara tok. Akhire sawise pirang minggu, aku bisa adaptasi karo kelas 9D. Kanca-kancaku uga apik. Walopun usil lan seneng ngledek, tapi Alhamdulillah bisa dijak kerja sama walopun tetep gawe jengkel. Aku be nembe nyadar yen aku sekelas karo bocah sing utek e pinter-pinter nemen. Kurang sabar apa aku iki... /huek.

OK. Cukup semene critane. 

UTS taun iki jarene dilakoni ning bulan September. Tapi ora pasti uga kapan tanggale. Iya. Kaya kowen. Ora ngein kepastian maring aku :v

Yuh, gagian. Ing ngisor iki persiapanku ngadepi UTS. Semoga bermanfaat kanggo kanca-kanca :)

1. Niat
Kegiatan apapun kudu diawali karo niat. Yen awit awal kanca-kanca ora niat sinau, ya hasile ora bakal apik. Kanca-kanca kuwi yen sinau kudu saking njero ati sing paling dalem. Percuma, ya, kanca-kanca sinau tapi dikongkon karo wong tuane bae. Aku, ya, sinau ne yen niat wae. Soale percuma yen ora niat. Materine ora bakal manjing utek.

2. Ndonga
Ora sah ditulis be pasti kanca-kanca padha ngerti. Usaha tanpa ndonga ya ora bakal kelakon. Ea. Ndongane ya sungguh-sungguh. Aja main-main. Man Jadda Wa Jadda. Sapa sing sungguh-sungguh, maka bakal berhasil. 




3. Ana Buku
NAH IKI SING PALING PENTING. Bisa, sih, sinau ning internet. Tapi, aku sih nyaranna kanca-kanca supaya nduwe buku. Ora mesti tuku buku. Kanca-kanca bisa nyilih maring liyane utawa motokopi. Soale pime yah. Yen sinau ning buku luwih enak ketimbang ning hape/laptop.



4. Takon-Takon
Iki juga bisa dicoba. Nomer papat iki biasa dilakoni yen kanca-kanca pan ulangan. Pasti takon :v. Kanca-kanca ora mesti takon maring bocah sing pinter. Karna sing pinter kadang ya ora bener :v. Takon sing paling pas ya takon maring guru :v Nggo apa len, kanca-kanca bayar sekolah, les, utawa liyane tapi ora digunakake dening apik? Tapi aja takon-takon PAS LAGI ULANGAN. Dosa gaes :v ...kajaba kepepet.



5. Latian Soal
Nomer lima iki biasa aku lakoni pas pan ulangan matematika utawa fisika. Itung-itungan. Mungkin aku iki termasuk bocah sing aneh. Ning bocah liyane pada seneng apalan, aku malah seneng karo itung-itungan. Karna bagi aku, itung-itungan iku luwih menantang ketimbang apalan  :v




6. Istirahat sing Cukup
Yen kanca-kanca pen ngerti, aku yen UTS ya turune malah gasik. Sebab yen turune malah kaya begadang ngapalna materi, malah materine ora bakal manjing nang utek. Minimal e turu bocah-bocah pelajar ya 8 jam. Kuwe pun durung cukup kanggo aku. Hehehe :D


Ok. Semono tok sing bisa aku critakake maring kanca-kanca :D Semoga ana sing bisa kanca-kanca tiru hehe..

Salam hangat,

Tyas :)

Minggu, 03 September 2017

[TUGAS] 17-an

   


    Hai kanca-kanca! Balik maning karo aku ing TYAS’S BLOG. Kali iki aku bakal nyritakake tentang lomba 17-an ning daerah umahku. Daerah umahku kuwi sabenere golongan perumahan,. Cuman bedane esih nglakoni acara-acara kaya ning desa-desa. Mejasem. Pasti ngerti, lah, ya, hehe...

   17-an wingi sabenere aku ora melu acarane amarga aku sibuk. Ora ding, hehe.. Awakku lara kabeh soale akeh aktivitas mugane aku ora bisa weruh lan melu acarane. Aku kur melu acara syukurane pas bengine. Lumayan, mangan gratis.

   Lomba-lomba nggo bocah cilik ya kaya umume. Ana lomba mangan krupuk, pentung banyu, nglebokna paku ning botol, lan liya-liyane. Lomba kuwi dilakoni ning dina Minggu, tanggal 6 Agustus 2017. Anapun lomba-lomba nggo wong tua yakuwi balon mesra lan masak sega goreng. Bal mesra dilakoni dening ibu-ibu. Sedangkan masak sega goreng dilakoni bapak-bapak. Lomba-lomba wong tua dilakoni ning dina Minggu uga, tapi ning tanggal 13 Agustus 2017. Sing unik saking lomba masak sega goreng iki yaiku jurine mbah-mbah.

     Lomba 17-an taun iki meriah nemen dibanding taun sadurunge. Tapi sayange, ya, aku ora bisa melu. O, iya. Sadurunge lomba-lomba wong tua dilakoni, ning daerah umahku nganakna dalan sehat ngelilingi kompleks perumahan. Aku, ya, sebenere kongkon melu. Tapi amarga esih lara, aku luwih apik jaga umah bae. Pas dalan sehat ya ngundang angklung nggo ngiringi.

Dokumentasi :




G.1 : Dalan Sehat


G.2 : Balon Mesra


G.3 : Bapak - Bapak Masak Sega Goreng


G.4 : Sega Goreng Karyane Bapak - Bapak


G.5 : Juri Lomba Masak Sega Goreng


   Senajan taun iki aku ora bisa melu acara 17-an, aku tetep bangga dadi remaja Indonesia. Asline, ya, aku isin tenan. Mriang kaya kue tok ora melu acara. Sedangkan pahlawan sing mriang e kaya apa, tetep berjuang kanggo Indonesia. Dirgahayu Indonesiaku, sukses terus ningkatna kesejahteraan rakyat lan pendidikan nggo bocah Indonesia!

Minggu, 06 Agustus 2017

[TUGAS] Sejarah Internet di Dunia









Sejarah Internet di awiti pada taun 60-an, yaiku pas Levi C. Finch lan Robert W. Taylor mulai nglakoni penelitian tentang jaringan global lan masalah interoperabilitas. Selanjute, beberapa program penelitian mulai dilakoni nggo ndeleng mekanisme pengaitan jaringan-jaringan sing sejen secara fisik. Salah siji solusi sing muncul saka penelitian-penelitian kuwe yaiku  teknik packet switching. Ning teknik packet switching, data utawa file berukuran gedhe sing pan dikirim lewat jaringan komputer luwih ndisit dipotong dadi  paket cilik-cilik ben luwih gampang ditangani lan luwih handal. Peneliti utama jero pengembangan packet switching kiye yaiku Donald Davies (NPL), Paul Baran (RAND Corporation), Leonard Kleinrock lan kanca-kanca (MIT) lan UCLA Research Programs.

         Ning taun 1969, Robert Taylor sing anyar dipromosikan dadi kepala kantor pemrosesan informasi nang DARPA (Badan Riset Angkatan Bersenjata Amerika Serikat) bermaksud mengimplementaskan ide nggo nggawe sistem jaringan sing saling terhubung. Bareng Larry Robert saka MIT, Robert Taylor memulai proyek sing kemudian dikenal dadi ARPANET. Sambungan pertama ARPANET terbentuk antara University of California, Los Angeles (UCLA) lan Stanford Research Institute (SRI) ning jam 22:30 tanggal 29 Oktober 1969. Ning tanggal 5 Desember 1969, ana loro jaringan maning sing gabung, yaiku University of Utah lan University of California, Santa Barbara mugane total ana papat (4) simpul jaringan. ARPANET sing berbasis ning teknologi ALOHAnet berkembang cepet nemen. Ning taun 1981, jumlah simpul sing nyambung dadi 213.

        Saliane jaringan nggo penelitian kaya ARPANET lan X.25, para hobbiis komputer ya ngembangna teknik jaringan dewek sing akhire cukup populer, yaiku UUCP. Masalah paling gedhe ning teknik kiye yaiku piye endah e  pirang-pirang jenis peralatan jaringan, kaya telpon, radio, kabel LAN sing secara fisik beda nemen olih komunikasi siji padha sejen. Keberagaman media fisik jaringan mendorong pengembangan tatacara komunikasi (protokol komunikasi) sing mampu nglakoni internetworking, mugane akeh jaringan cilik olih saling nyambung dadi siji jaringan komputer maha gede.

          Kumpulan tata cara komunikasi utawa protokol Internet memungkinkan jaringan komputer dibangun nganggo saluran fisik sing beda. Jero basa sing sederhana, komputer sing terhubung nganggo telpon, olih berkomunikasi karo komputer sing nyambung ning jaringan LAN utawa jaringan radio. Hal kiye mendorong kedadene inter-network (antar jaringan) secara global sing akhire kita kenal dadi “Internet”.

        Saliane protokol Internet, hal liya sing ora kalah penting jero perkembangan Internet yaiku metode pengalamatan ning Internet. Jon Postel saka Information Science Institute (ISI) ning University of Southern California (USC) yaiku wong sing berjasa nemen ning balik pirang-pirang alokasi alamat IP Internet, manajemen Domain Name System (DNS), tipe media, lan pirang-pirang alokasi nomer nggo tata cara komunikasi penting ning Internet. Nganti wafate ning tanggal 16 Oktober 1998, Jon Postel mengelola Internet Assigned Numbers Authority (IANA). Ning tanggal 21 Juli 1998, Jon Postel memperoleh Silver Medal saka International Telecommunications Union (ITU) utawa jasa-jasane mbangun Internet ning dunia. Waktu kiye, IANA dioperasikan daning Internet Corporation for Assigned Names and Numbers (ICANN).


Komersialisasi lan privatisasi Internet mulai kedaden ning taun 1980-an ning Amerika Serikat karo di ijinake Internet Service Provider (ISP) nggo beroperasi. Internet mulai booming ning taun 1990-an lan dadi kunci pemicu perubahan jero budaya lan dunia usaha. Internet nawari pola komunikasi cepet nganggo e-mail, diskusi bebas ning forum, lan Web.

Minggu, 23 Juli 2017

Asal Usul Nama Tyas

Annyeonghaseyo!

Nama gue Fitriasari Hidayati. Panggil gue Tyas. "Ha? Tyas? Jauh banget, woi!" "Itu panggilan dari mana, ya? Depan bukan, belakang bukan.. Tengah pun bukan." "Apa manggilnya Trias terus dia nggak bisa ngomong huruf 'R'?" SEMUANYA SALAH. Gue aja yang punya nama nggak tau asal usulnya. Oke, gue bakal ceritain gimana terjadinya nama Tyas.

Kakek gue yang ngasih nama Fitriasari Hidayati. Di antara saudara dari Ibu, cuman gue yang namanya bukan berawal huruf 'S'. Sedih, sih.. Tapi mungkin kakek gue punya maksud tertentu beri nama gue dengan nama seperti itu.

Pas gue masuk TK, gue punya temen deket. Namanya Lala. Dia selalu manggil gue Tyas. Gue sih bingung, dia manggil siapa. Tapi pas dia manggil Tyas, gue langsung nengok gitu aja. Aneh, kan? Dulu pas TK gue juga ngga hapal nama lengkap gue sendiri.

Jaman TK berakhir.. Berlanjut ke jaman SD. Nah, ini jaman yang super bingung. Disamping gue masih SD, gue juga nggak mau mempersulit temen-temen gue. Akhirnya gue bilang kalo nama gue itu Tyas. Tapi ada beberapa guru yang manggil gue Fitria. Yaudah... Gue mah terserah aja yang penting panggilan gue itu artinya bagus.

NAAAHHHH. JAMAN SMP NIH. Ok. Gue sekarang duduk di kelas 9. Dari awal MOS, gue nge liat nama temen-temen gue bisa nyambung sama nama panggilan mereka. Nah gue? Jauh banget gaes :( Gue aslinya mau sempet nama in panggilan gue Fitri. Tapi, ada temen sekelas gue pas kelas 7 namanya juga Fitri. GUE BINGUNG :( Akhirnya mau nggak mau gue masih pake nama Tyas.  Karna kalo ganti Fitri, gue takut temen SD gue lupain gue /dih.

Ok. Sekian dulu dari gue. Maaf, ini sungguh tidak ber faedah. TAPI, ADA SATU PESAN YANG GUE SAMPE IN KE KALIAN.

" NAMA ITU DOA. JADI, JANGAN ASAL PANGGIL NAMA TEMEN KALIAN DENGAN NAMA YANG JELEK. KARNA SETIAP NAMA ADALAH DOA."




Salam hangat,

Tyas :)