Hai kanca-kanca! Piye kabare? Semoga sehat selalu! Kali iki aku bakal nyeritakake persiapan kemahku sing pan dianakake ing Yon Zipur tanggal 18 Oktober 2017.
Pertama-tama, aku bakal cerita tentang reguku dhisik. Kali iki aran reguku padha karo pas kelas 8. Yaiku regu aster. Aku seregu karo Dhea, Arsya, Monica, Lisa, Sarah, Nanda, lan Erli. Reguku iki anggotane absurd kabeh. Walopun absurd, Alhamdulillah kanca-kancaku ora angel-angel :v O iya. Aku, Dhea, lan Arsya seregu terus awit kelas 7.
Kemah. Yen krungu arane kemah mesti mikire kaya kie, "Lah kemah. Ruwet. Gawe susah. Gawe kesel,". Tapi menurut aku, kemah biasa bae. Ora biasa nanging seru. Tapi kenapa liyane pada ngomong sing ora-ora? Eehehe. Apa gara-gara mbangun tendane sing ruwet kaya kisah cintane aku? /ngek. Iya, sih. Sampe saiki pun aku ora bisa mbangun tenda yen ora dibantuni kanca-kanca. Yauw. Aku dudu anak pramuka tapi aku seneng karo kemah. Kemah iku ya walopun gawe susah, tapi maringi akeh pelajaran.
Nah. Kemah taun iki beda banget karo kemah taun wingi. Jarene kelas 9 di gawe 'SPESIAL'. Aku, ya, awale bingung. Yakin spesial? Sing spesial apane? HEHEHE. Asline sih kemah taun iki wajib. Tapi gara-gara sebagian ana sing protes, akhire guru-guru ora maksa. Ckckck... Padahal kan nggo seneng-seneng sakdurunge UN. Kudune melu. YA ORA? YA!
Persiapan kemah taun iki ya ora ribet banget. Malah gampang nemen tapi bisa sing melu sebagian tok. Ckckck. Kelas 9 ne kur mbayar 100 ewu. Masalah tenda, pasak, tali, lan liyane, ya urusan e sekolah. Per regu kur dikongkon nggawa tong sampah lan tiker. Tapi ning reguku tak domongi nggo nggawa botol banyu sedus lan jajan eben wareg pas kemah. Ora klalen perlengkapan pribadine. Perlengkapan mangan, adus, sholat, obat-obatan pribadi, kaos olahraga, kaos turu, sepatu olahraga, lan liya-liyane.
Ora ribet nemen oya? Kemah kuwi sebenere simpel. Cuman gara-gara awake dewek makane dadi ruwet. EHEHE. OK. Cukup semene critaku kali iki. Semangat selalu!
Salam hangat,
Tyas :)




Tidak ada komentar:
Posting Komentar