About

Minggu, 10 September 2017

[TUGAS] Persiapan UTS

  


 Hai kanca-kanca! Ketemu maning karo aku ning Tyas's Blog. Kali iki aku bakal crita tentang persiapanku ngadepi UTS ning kelas 9. Wis pada siap UTS durung?? Hehe.. Semoga siap, ya!. Sakdurunge kuwi, aku bakal crita setitik tentang kisahku ning awal kelas 9.

     Awale aku ora percaya yen saiki aku kelas 9. Rasane nembe wingi aku nembe kelas 7, melu MOS. Aku kaget, nangis, ora percaya yen aku manjing kelas 9D. 9D iku kelas sing aku hindari awit kelas 7. Wis nang pojok, sebelahe kamar mandi lanang sing mambune ora karuan, peteng, lan jarene akeh setanne. Aku sedih banget. Harapane aku sabenere manjing kelas 9B. Aku be ora ngarti kenapa pengin manjing kelas kuwi.

   Tapi keluh kesahe aku sementara tok. Akhire sawise pirang minggu, aku bisa adaptasi karo kelas 9D. Kanca-kancaku uga apik. Walopun usil lan seneng ngledek, tapi Alhamdulillah bisa dijak kerja sama walopun tetep gawe jengkel. Aku be nembe nyadar yen aku sekelas karo bocah sing utek e pinter-pinter nemen. Kurang sabar apa aku iki... /huek.

OK. Cukup semene critane. 

UTS taun iki jarene dilakoni ning bulan September. Tapi ora pasti uga kapan tanggale. Iya. Kaya kowen. Ora ngein kepastian maring aku :v

Yuh, gagian. Ing ngisor iki persiapanku ngadepi UTS. Semoga bermanfaat kanggo kanca-kanca :)

1. Niat
Kegiatan apapun kudu diawali karo niat. Yen awit awal kanca-kanca ora niat sinau, ya hasile ora bakal apik. Kanca-kanca kuwi yen sinau kudu saking njero ati sing paling dalem. Percuma, ya, kanca-kanca sinau tapi dikongkon karo wong tuane bae. Aku, ya, sinau ne yen niat wae. Soale percuma yen ora niat. Materine ora bakal manjing utek.

2. Ndonga
Ora sah ditulis be pasti kanca-kanca padha ngerti. Usaha tanpa ndonga ya ora bakal kelakon. Ea. Ndongane ya sungguh-sungguh. Aja main-main. Man Jadda Wa Jadda. Sapa sing sungguh-sungguh, maka bakal berhasil. 




3. Ana Buku
NAH IKI SING PALING PENTING. Bisa, sih, sinau ning internet. Tapi, aku sih nyaranna kanca-kanca supaya nduwe buku. Ora mesti tuku buku. Kanca-kanca bisa nyilih maring liyane utawa motokopi. Soale pime yah. Yen sinau ning buku luwih enak ketimbang ning hape/laptop.



4. Takon-Takon
Iki juga bisa dicoba. Nomer papat iki biasa dilakoni yen kanca-kanca pan ulangan. Pasti takon :v. Kanca-kanca ora mesti takon maring bocah sing pinter. Karna sing pinter kadang ya ora bener :v. Takon sing paling pas ya takon maring guru :v Nggo apa len, kanca-kanca bayar sekolah, les, utawa liyane tapi ora digunakake dening apik? Tapi aja takon-takon PAS LAGI ULANGAN. Dosa gaes :v ...kajaba kepepet.



5. Latian Soal
Nomer lima iki biasa aku lakoni pas pan ulangan matematika utawa fisika. Itung-itungan. Mungkin aku iki termasuk bocah sing aneh. Ning bocah liyane pada seneng apalan, aku malah seneng karo itung-itungan. Karna bagi aku, itung-itungan iku luwih menantang ketimbang apalan  :v




6. Istirahat sing Cukup
Yen kanca-kanca pen ngerti, aku yen UTS ya turune malah gasik. Sebab yen turune malah kaya begadang ngapalna materi, malah materine ora bakal manjing nang utek. Minimal e turu bocah-bocah pelajar ya 8 jam. Kuwe pun durung cukup kanggo aku. Hehehe :D


Ok. Semono tok sing bisa aku critakake maring kanca-kanca :D Semoga ana sing bisa kanca-kanca tiru hehe..

Salam hangat,

Tyas :)

1 komentar: