About

Jumat, 09 Maret 2018

POPDA Basket

Hai kanca-kanca! 
Balik maning karo aku ing blog campuran iki :)




Kali iki aku bakal nyeritakake pengalamanku ning bulan Februari 2018 wingi. Hmm. Bulan penuh suka cita lan duka. 

Kenapa?

Aku seneng taun iki bisa melu POPDA. POPDA Basket maning. Seneng ra ketulungan. Kok bisa seneng banget? Ya bisa :v soale aku pernah krungu yen tan wingi, yen wis kelas 9 ora olih melu lomba-lomba kaya POPDA. Atiku wis deg-deg-an. Soale pas taun 2017 aku pernah melu ya kalah. Heheh.

Taun iki beda. Awit awal kelas 9 aku wis bertekad nemen pengin menang. Ya, latiane waktu kuwi ngejak sparing SMP 7, SMP Ihsaniyah, karo SMP 1. Asline dijak karo SMP 4. Tapi, waktune laka lan angel. Alhamdulillah, sparing iku bisa mein pengalaman timku kanggo event-event selanjute.

Awale timku ya angel. Pimen, ya. Kadang lengkap mangkat, kadang ana sing males, dolan, lan alesan liyane. Tapi aku ora nyerah. Tak jak terus ben gelem sregep latian ben bisa juara. Perjuanganku iki bisa dibilang cukup menengangkan :V soale, ya, kaya aku tok sing bertahan awit awal melu basket lan sering latian (ya gitu hehe). 

Kelas 7 aku sebenere kecewa, amarga ora bisa melu POPDA taun kuwi. Ya, amarga tim. Tim wadone laka. Kur pirang bocah tok. Itupun ora tentu ngerti tentang peraturan lan permainan basket. Baru ngerti dasar-dasar e tok. Akhire dari kejadian kuwi, aku bertekad kanggo golet kanca-kanca supaya bisa manjing Tim Basket Putri SMPN 2 Tegal. Alhamdulillah, perjuanganku dibantu kanca liyane ora sia-sia. Taun 2017 aku lan kanca-kanca bisa ngrasakake POPDA Basket sing pertama kaline lan ditonton, didukung wong akeh. SENENG BANGET!! Tapi, ya, arane awal. Durung ngerti apa-apa lan apa sing bener. Akhire kalah. HEHE.

Awit kejadian kuwi, njero ati aku pengin mbanggakake sekolah karena prestasi baskete. Makane bar POPDA 2017 kuwi, aku esih ngejak kanca-kanca latian ben tetep kompak lan bisa cepet paham tentang basket. 

LATIAN, LATIAN, LAN ...

Februari 2018 pun teka. Kaget, sih, bisa cepet banget. Akhire tim kuwi dibentuk. Ana aku, Lisa, Nadya, Arum, Hilda, Liya, Ica, Juniar, Amirah, Alfi, Inayah, lan Okta. Sayang, sih, ana sing ora melu. Tapi peraturane kan bocah 12, hehe. Sakdurunge kuwi awake dhewe dikongkon ngumpulna persyaratan supaya bisa melu. Taun 2018 iki, Kota Tegal pendaftarane lewat online. Rada ribet, sih. Malah waktu kuwi SMPN 2 olih kasus. Data-data siswa ana sing ilang, hack, ya gitulah. Ruwet memang.

Seminggu sakdurunge kuwi wis ditentukake lawan maine. SMPN 2 Tegal sing putri, olih SMP Ihsaniyah. Awale aku seneng banget. Ya, seneng. Soale waktu sparing bareng, SMPN 2 sing menang. Kenceng-kenceng gaes bocahe :v. Ya, aku rada sante, sih. Wis tau menang soale. Tapi selak suwe, aku mikir, apa selamane sing kalah bakal kalah terus? Ora kan?

Sabtu, 24 Februari 2018, dina sing nyesekake. Ya, timku kalah. KALAH TELAK :) Aku mikir, apa gara-gara ngremehake? Mungkin iya. Apa ana sing salah? YA. AKU SING PALING SALAH. Jare Mas Indra, sing nglatih basket, tangane aku iki ndredeg lan aku iki rundag, ora fokus maring permainan. Ya, alhasil, pas aku olih bal, malah kesalahan lan dipripit terus karo wasit :) NYESEK.Tapi....... Aku ngrasa malah...... lawane sing agresif (?) ah, pokoke kanca-kanca sing nonton wingi, mesti ngerti gaya permainan basket e :) Aja ngomong sing elek, ah. Ora penak. Wkwk

Dari pengalaman kuwi, akeh pelajaran sing bisa ku petik.
1. Aja Rundag
2. Fokus
3. Lan aja ngremehna

:)

Aku juga seneng, bisa dadi kapten. Yeu. Padahal aku cilik hehe. Pernah aku protes, kenapa aku sing dadi kapten. Jarene sih, "Kapten nggak mesti yang tinggi." ya, intine kuwi, lah. Aku seneng. Bisa bimbing lan mimpin timku walopun ya kalah terus.

Pokoke aku selalu ndonga lan berharap,

yen TIM BASKET SMP N 2 TEGAL bisa dadi JUARA maning kaya taun-taun sakdurunge.

AAMIIN!

Ana bonus kehh :




SMP 2? FIGHT!


Pengarahan saking Mas Indra


SALAH SATU BAGIAN PAS GAME :)




OK, Cukup sekian dari Tyas. Maaf yen ana salah. Semoga ora bosen, ya.

Salam Manis,

Tyas