Assalamualaikum kanca-kanca sing aku sayangi lan aku tresnani~ jajaaja
Piye kabare? Semoga apik terus ya! Delat maning wis pan ujian aja nganti mriang eaa :3
"Piye Persiapan Ujianmu?"
Piye persiapan ujian kanca-kanca? Sakdurunge kuwi, apa kanca-kanca bener-bener wis siap? HEHEHE. YO, PERCUMA yen kanca-kanca pan ujian malah druung siap :v
Kali iki aku bakal nyeritakake 10 tips ngadepi persiapan ujianku. Ana UAS, Latihan UN, Try Out, Ujian Praktek, USBN, lan sing paling utama yaiku UNBK. Semoga tulisan iki bisa bermanfaat kanggo kanca-kanca lan kanca-kanca bisa niru salah sijine saka aku. Heheh.
1. Niat
Nomer siji kuwi ya niat. Yen kanca-kanca ora niat sinau, ya, ora bakal kelakon apa bae jenis kegiatan. Misal bae, ya, ibadah. Yen awit awal ora niat ya ora khusyu ibadahe. Padha bae karo sinau. Yen awit awal ora niat ya asile amburadul~
2. Tanpa Paksa
Nah, iki juga tips e aku. Jujur, aku sinau ya sebenere ora dipaksa, sih. Cuma pime ya. Wong tuwaku ngomong sinau, sinau. Ora maksa banget. Paling nilene elek ya kecewa. Sinau iku aja saking paksaan wong tuwa. Ora bakal enak dilaksanakake. Sinau kuwi ya saka ati sing paling dalem, tanpa suatu paksaan. EA :V
3. Anggep Maca Buku Persis Kaya Maca Novel
Biasane sih ana bocah sing males maca. Terutama aku. EHE. Apa maning maca sejarah. Wis. Aja takon. Sebenere pengin banget ngerti karo sejarah, tapi gara-gara males ya uwis ora gelem maca. Biasane aku sering ngumpamake suatu hal. Misal maca buku pelajaran sing kandel e por, aku seneng e mbayangke yen buku kuwi novel sing ceritane apik. Ya, Alhamdulillah, bisa kewujud. Aku ora males maca.
4. Akeh Latihan Soal
Tips kie paling ampuh karo pelajaran sing ana itung-itungane. Ya kaya matematika karo fisika. Sebenere matematika kuwi ora perlu diwaca. Yen diwaca malah ora paham. Supaya bisa cepet paham, kanca-kanca kudu sering latian ben akeh soal sing digolet lan dikerjakna. Ben pas ujian ora kaget lan biasa ngerjakna soal. Kanca-kanca ngerjakna soal juga aja sing gampang-gampang bae. Nyoba sing angel. Ben anti-mainstream.
5. Ora Gampang Putus Asa
Nah, iki juga. Yen kanca-kanca ngerjakna soal-soal lan ora ketemu jawabane, aja putus asa lan berhenti tengah jalan. Kan ora enak berhenti tengah jalan :( . Kanca-kanca tetep semangat lan ngoreksi apa sing gawe salah makane ora ketemu jawabane.
6. Aja Selalu Ngapalke Rumus
Biasane akeh bocah sing ngapalke rumus baik rumus matematika utawa fisika. Asline, kanca-kanca percuma ngapalke rumus yen ora bisa nerapake rumus iku. Misal ya, ngapalna rumus fisika tentang kalor. Yen kanca-kanca ora paham maksud soale, ya ora bakal bisa ngerjakna. Amarga bentuk soal kuwi macem-macem jenise lan ora mesti persis karo sing kanca-kanca apalke.
7. Aja Wedi Takon
Yen kanca-kanca wis goleti apa bae tapi ora bisa lan ora ketemu, aja wedi nggo takon maring kanca, guru, utawa mbah google. ehe. Ora sah wedi. Arane be esih tahap belajar. Mesti ana sing ora bisa. Manusia uga ora ana sing sempurna :3
8. Istirahat Cukup
Yen liyane sinau anjog bengi, aku malah ora bisa. Yen ujian biasane aku turu bar sholat isya. Yen iso tangi ya aku tahajud. Dari akeh pengetahuan lan ilmu sing aku olih, sinau bar tahajud kuwi lebih apik ketimbang sinau anjog bengi. Soale esuk-esuk kuwi udara fresh lan otak juga gampang nyerap materi sing pan diujike. Jadi, kanca-kanca sing apalane kurang, mending sinau pas subuhan bae.
9. Tenang
Tips iki sebenere ora masalah. Jarene, anggep bae UNBK kuwi seperti ujian umume. Pime ya njelasnane. Pokoke, UNBK kuwi sebenere kaya tanding mental. Jadi kanca-kanca tenang wae, ora sah gugup lan rundag. Amarga yen rundag, ya, bubar kabehe. Bakal klalen.
10. Doa
Sing terakhir yaiku doa. Yen sedurunge mangkat sekolah, alangkah apike njaluk doa restu maring wong tua, ben ujian utawa kegiatan apapun ning sekolah bisa dilaksanake lancar lan apik. Balik sekolah ya iya aja klalen salim maring wong tua. Selain kuwi ya aja klalen ndonga sing kenteng. Usaha tanpa doa kuwi ibarat surat karo prangko. Yen ora ana prangko ya ora bakal kekirim. (eh, hubungane apa?) Pokoke kanca-kanca aja klalen ndonga. Ridho Allah kuwi ridhone wong tua. Usaha kuwi kudu dibarengi karo doa.
NAH CUKUP SEKIAN 10 TIPS SING BISA AKU CRITAKAKE MARING KANCA-KANCA :3 Semoga bermanfaat lan kanca-kanca bisa sukses ujian. Aamiin! :3
Salam Manis,
Tyas








