About

Minggu, 26 November 2017

[TUGAS] 9D : Foto BTS


   Yeah! Hai kanca-kanca! Balik maning karo aku, Tyas, sing lagi kepingin jus jambu. Kali iki aku bakal critakake foto BTS kelasku, 9D. EHEHE. IKU LOH, KELAS SING AWALE AKU ORA SENENG DADI SENENG. EHEHE. (Yen kepo bisa maca blog ku sing "Persiapan UTS")

    Foto BTS? Foto Bangtan Boys? Boyband Korea? :v UPS HEHE. Foto buku taunan sekolah ya ehe. Kelasku foto bts e ning Poltran Tegal utawa sing sering dikenal Transjaya / TJ. Mbayar :( perjam e 145 ewu. Sedih, sung. Bisa larang nemen. Tapi, ya, demi foto, lah, ya. Kudu modal...

  Foto BTS e dilakoni wingi pas dina Jumat tanggal 24 November 2017 jam loro awan. Alhamdulillah fotografer e tepat waktu :) Nyambi nungguni kanca sing durung teka, aku lan kanca-kanca foto-foto dhewek. 

    Kelasku nganggo klambi warna biru pas foto bareng-bareng. Sing wadon ora klalen nganggo jilbab warna abang. Cocok ora sih sebenere? EHEHE. Padahal jare aku cocok putih :v Sedangkan foto pergrup e kelasku beda-beda. Ana sing kelompokke nganggo warna abang, ijo, ireng, putih, lan liyane. Kelompokku nganggo klambi sing ana unsur putihe. Kelompokku yaiku ana Dea, Fayi, Adib, Tegar, lan Syifa. Propertine , ya, kur gitar tok. Tempat kelompokku foto olihe bagian ning jaring-jaring :v EHEHE. ESTETIK :v

    Foto BTS e ya cuman mangan 2 jam tok. Cepet nemen rasane. Mbuh, ya, pas ngerti wis rampung bisa kaya sedih nemen. Soale kenapa? 9D iku paling ruwet lan nasibe melasi nemen. Aku ya dadi kelingan sakdurunge foto perjuangan e kaya apa. OK. Aku ngerti kalian kepo. /hue

     Awale, kelasku iki pan foto ing PT Sanur sing temane eben ana vintage. Tapi, ya, durung rejekine. Jebule mobil jadul lan benda-benda sing apik nggo foto wis didol. Sedih nemen. Akhire pilihan aku lan kanca-kanca ya mlayune maring TJ. Dilalah ya waktu kuwi ora nggawa surat ijin saka sekolah. Akhire aku lan kanca-kanca terpaksa balik bae maring umah. RUGI NEMEN.

    Seminggu kemudian aku lan kanca-kanca maring TJ maneh. Kami maringi surat ijin lan ngomong yen dina Jumat pan foto album. Kami di omongi yen pan foto ya mbayar perjame. Eh, ana-ana wae kendala. Akhire ya fotone diundur maneh. Pokoke sengsara nemen, lah :v + rugi nemen :v

*Y. ABAIKAN. OK*

    O, iya. Ing TJ lumayan apik, loh.. Cuman, ya, masalahe mbayar ehehe.. Ana kreta-kreta tua eben ana nuansa travelling e ngonong ehehe.

OK. Tyas ora klalen bakal mbagi foto-foto pas BTS :3




Lapangan TJ


Foto karo Syifa B-)


eakk foto karo bu Neti B-)



EA EA CRITANE GIATARAN B-)



TYAS KARO BALON 'D' :')))


EAAKK <3



KARO LALA :)


TYAS KARO MARTHIN  SING DUWURE KAYA TIANG LISTRIK :)


KARO MAS BALFIS EAAA


TIM CURHAT TENTANG CINTA :3


CRITANE LAGI KECANGKOL JARING 

---------------------------------------

O. IYA SING KIYE AJA KLALEN :


KENANGAN ING PT SANUR :v




Salam hangat,


Tyas :)




Kamis, 16 November 2017

[TUGAS] Kemah

     Hai kanca-kanca! Piye kabare? Wis suwe iki aku ora nge posting blog hehe.. Kali iki aku bakal cerita tentang kemah sing diadakake tanggal 18 Oktober 2017.

     Kemah taun iki bisa dibilang enak lan ora enak. Enake, kebutuhane kelas sanga ora patia akeh lan rempong kaya kelas pitu lan wolu. Bayar 100 ewu, terus beres kabeh. Tenda wis dibangun, gari gelar karpet lan bisa istirahat ayem. Mangane ya enak-enak. Tapi esih kaya taun-taun wingi. Mesti ana tentara sing njaga ketat pas lagi mangan. Tapi hal kuwi ya biasa. Pasti gunane ya eben bocah-bocah disiplin. Sing ora enak apa? Sing ora enak, ya, kelas sanga sing melu ya setengah saka seangkatan. Mulane pas api unggun sepi nemen kaya kuburan. Yen kanca-kanca pan ngerti, biasane bocah lanang ramene Masya Allah... tapi ora tak duga bisa meneng nemen pas malam api unggun. Jangan-jangan....

     Abaikan sing miki :v Aku bakal critakake kagiyatan-kagiyatan pas kemah. 

     Jam pitu esuk, murid-murid sing kemah wis kumpul ning lapangan sekolah kanggo apel. Ya mesti ana sing telat. Padahal wis diberitau ning undangan yen jam semono ya wis mulai. Sawise apel, bocah-bocah pada siap-siap ngangkuti barang-barange maring truk. Yen reguku sih nggawa mobil dhewe. Perjalanan ya ora nganti sejam. Sawise teka ing Yon Zipur, aku lan kanca-kanca langsung mlayu golet tenda. Jebule tendane kelas sanga wis dibangun. EHEHEH. Seneng atiku :3 

     Reguku milih tenda sing keloro cedak karo tenda guru. Eben yen ana apa-apa perek maring guru lan gampang. Ora nunggu apa-apa, reguku langsung natani barang-barang. Nggelar tiker, lah.. Natani tas, lah... Dilalah e reguku klalen nggawa tong sampah. Untung ana sing nggawa kresek gedhe :v Ya apa olih gawe reguku tong sampah e nganggo kresek wae :v

      Wis kesel karo beres-beres, sing kelas sanga dikongkon istirahat nganti jam 3. Jam 3 sing kelas sanga dikongkon kumpul kanggo yel-yel karo tentarane. Sawise yel-yel, sing kelas sanga bebas. Laka kagiyatan sama sekali. Aku ya kur foto-foto lan ndeleng kagiyatan e kelas pitu lan wolu ning lapangan.

      Dina pertama rampung, pindah kedina loro. Dina keloro iki termasuke enak. Esuke, kelas sanga nglakukake outbound. Rutene adoh nemen. Mlaku maning. Tapi ya arane pramuka. Kesel iku wis biasa. EAAKKK. Outbound rampung jam 11. Balik outbound kelas sanga langsung mlayu maring kamar mandi. Ya iyalah jelas. Klambine teles klebes amarga nyemplung ning kali. 

       Sawise ishoma, jam 2 awan kelas sanga dikumpulake ing lapangan basket supaya mlebu maring angkot. Jadwale kelas sanga ya kaya kunjungan maring kantor dinas bupati lan maring pabrik gula pangkah. Eh, mbuh ding, klalen. Ngko tak inget-inget. HMMMM. Ning kantor dinase bupati padha weruh wayang, gamelan, lan jenise. Ning pabrik gula ya kaya tempat nggo foto-foto. 

       Bengine, ning malem keloro, api unggun dimule. Api unggune kaya sing mau aku crita ning awal. ORA ENAK :( SEPI NEMEN KAYA KUBURAN. Apik-apik, sih, sing tampil. Tapi penontone bisa kaya benda mati kabeh :v

       Esukke ya balik. Aku lan kanca-kanca juga balik nganggo mobil pribadi. Sakdurunge balik, apel ndisit. Tapi, iki sing gawe aku kecewa. Kelas sanga ne bisa dicueki. Ya, sih, bisa ngurusi dewe. Tapi, ya, aja ditelantarke. Melasi. 

       OIYA. Kemah taun iki aku lan reguku juga kenalan lan akrab karo tentarane :v kami sih ngundang e "PA CACA WAOW" /OK. ORAJELAS.

       OK. Aku bakal bagi-bagi dokumentasi pas kemah lan arti saking dokumentasine. Deleng baik-baik :v




Nah, ing duwur iki tendane bocah kelas sanga. Simpel.




Bar beres-beres barang ing tenda, foto ndisit B-)




sakdurunge outbound foto ndisit brooo B-) omong-omong, iki reguku. REGU ASTER B-)




telung taun kemah seregu bae karo bocah loro iki. :*




salah siji foto pas outbound :v teles bareng, kotor bareng, seneng bareng!




sawise kesel amarga outbound, bocah kelas sanga ing dina keloro nglakoni kunjungan maring umah dinas e bupati sing tempate perek karo SMA 1 Slawi. Apik, bro, sis. Isine wayang-wayang lan gamelan-gamelan.







Nah, iki sing paling aku seneng. Sawise maring umah dinas, aku lan liyane meluncur maring kene. Klalen sung arane.. Ngko tak inget-inget :v Nang kene apik tenan.. Yen kanca-kanca bosen lan bingung pan maring ndi, maring mene wae. Lokasine ing Pangkah. Aran tempate nyong klalen :(



Estetik hehehehe


     Nah, semono tok dokumentasi sing bisa aku bagi.. Sing liyane pribadi hehe :D kemah kuwi asyik, gengs. Memang gawe kesel soale aduse ngantrine suwe nemen.. Tapi nang kemah akeh pelajaran sing bisa di jukut lan akeh kenangan kang bisa dikenang sepanjang masa, eak.

oiya. ana bonus saka Tyas keh.
.
.
.
.
CA CA WAOOOOWWWW




Salam hangat,


Tyas :)

Kamis, 09 November 2017

[TUGAS] Persiapan Kemah




    Hai kanca-kanca! Piye kabare? Semoga sehat selalu! Kali iki aku bakal nyeritakake persiapan kemahku sing pan dianakake ing Yon Zipur tanggal 18 Oktober 2017. 

      Pertama-tama, aku bakal cerita tentang reguku dhisik. Kali iki aran reguku padha karo pas kelas 8. Yaiku regu aster. Aku seregu karo Dhea, Arsya, Monica, Lisa, Sarah, Nanda, lan Erli. Reguku iki anggotane absurd kabeh. Walopun absurd, Alhamdulillah kanca-kancaku ora angel-angel :v O iya. Aku, Dhea, lan Arsya seregu terus awit kelas 7.

      Kemah. Yen krungu arane kemah mesti mikire kaya kie, "Lah kemah. Ruwet. Gawe susah. Gawe kesel,". Tapi menurut aku, kemah biasa bae. Ora biasa nanging seru. Tapi kenapa liyane pada ngomong sing ora-ora? Eehehe. Apa gara-gara mbangun tendane sing ruwet kaya kisah cintane aku? /ngek. Iya, sih. Sampe saiki pun aku ora bisa mbangun tenda yen ora dibantuni kanca-kanca. Yauw. Aku dudu anak pramuka tapi aku seneng karo kemah. Kemah iku ya walopun gawe susah, tapi maringi akeh pelajaran.

      Nah. Kemah taun iki beda banget karo kemah taun wingi. Jarene kelas 9 di gawe 'SPESIAL'. Aku, ya, awale bingung. Yakin spesial? Sing spesial apane? HEHEHE. Asline sih kemah taun iki wajib. Tapi gara-gara sebagian ana sing protes, akhire guru-guru ora maksa. Ckckck... Padahal kan nggo seneng-seneng sakdurunge UN. Kudune melu. YA ORA? YA!

      Persiapan kemah taun iki ya ora ribet banget. Malah gampang nemen tapi bisa sing melu sebagian tok. Ckckck. Kelas 9 ne kur mbayar 100 ewu. Masalah tenda, pasak, tali, lan liyane, ya urusan e sekolah. Per regu kur dikongkon nggawa tong sampah lan tiker. Tapi ning reguku tak domongi nggo nggawa botol banyu sedus lan jajan eben wareg pas kemah. Ora klalen perlengkapan pribadine. Perlengkapan mangan, adus, sholat, obat-obatan pribadi, kaos olahraga, kaos turu, sepatu olahraga, lan liya-liyane.

      Ora ribet nemen oya? Kemah kuwi sebenere simpel. Cuman gara-gara awake dewek makane dadi ruwet. EHEHE. OK. Cukup semene critaku kali iki. Semangat selalu!



Salam hangat,

Tyas :)