About

Minggu, 03 September 2017

[TUGAS] 17-an

   


    Hai kanca-kanca! Balik maning karo aku ing TYAS’S BLOG. Kali iki aku bakal nyritakake tentang lomba 17-an ning daerah umahku. Daerah umahku kuwi sabenere golongan perumahan,. Cuman bedane esih nglakoni acara-acara kaya ning desa-desa. Mejasem. Pasti ngerti, lah, ya, hehe...

   17-an wingi sabenere aku ora melu acarane amarga aku sibuk. Ora ding, hehe.. Awakku lara kabeh soale akeh aktivitas mugane aku ora bisa weruh lan melu acarane. Aku kur melu acara syukurane pas bengine. Lumayan, mangan gratis.

   Lomba-lomba nggo bocah cilik ya kaya umume. Ana lomba mangan krupuk, pentung banyu, nglebokna paku ning botol, lan liya-liyane. Lomba kuwi dilakoni ning dina Minggu, tanggal 6 Agustus 2017. Anapun lomba-lomba nggo wong tua yakuwi balon mesra lan masak sega goreng. Bal mesra dilakoni dening ibu-ibu. Sedangkan masak sega goreng dilakoni bapak-bapak. Lomba-lomba wong tua dilakoni ning dina Minggu uga, tapi ning tanggal 13 Agustus 2017. Sing unik saking lomba masak sega goreng iki yaiku jurine mbah-mbah.

     Lomba 17-an taun iki meriah nemen dibanding taun sadurunge. Tapi sayange, ya, aku ora bisa melu. O, iya. Sadurunge lomba-lomba wong tua dilakoni, ning daerah umahku nganakna dalan sehat ngelilingi kompleks perumahan. Aku, ya, sebenere kongkon melu. Tapi amarga esih lara, aku luwih apik jaga umah bae. Pas dalan sehat ya ngundang angklung nggo ngiringi.

Dokumentasi :




G.1 : Dalan Sehat


G.2 : Balon Mesra


G.3 : Bapak - Bapak Masak Sega Goreng


G.4 : Sega Goreng Karyane Bapak - Bapak


G.5 : Juri Lomba Masak Sega Goreng


   Senajan taun iki aku ora bisa melu acara 17-an, aku tetep bangga dadi remaja Indonesia. Asline, ya, aku isin tenan. Mriang kaya kue tok ora melu acara. Sedangkan pahlawan sing mriang e kaya apa, tetep berjuang kanggo Indonesia. Dirgahayu Indonesiaku, sukses terus ningkatna kesejahteraan rakyat lan pendidikan nggo bocah Indonesia!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar