About

Kamis, 16 November 2017

[TUGAS] Kemah

     Hai kanca-kanca! Piye kabare? Wis suwe iki aku ora nge posting blog hehe.. Kali iki aku bakal cerita tentang kemah sing diadakake tanggal 18 Oktober 2017.

     Kemah taun iki bisa dibilang enak lan ora enak. Enake, kebutuhane kelas sanga ora patia akeh lan rempong kaya kelas pitu lan wolu. Bayar 100 ewu, terus beres kabeh. Tenda wis dibangun, gari gelar karpet lan bisa istirahat ayem. Mangane ya enak-enak. Tapi esih kaya taun-taun wingi. Mesti ana tentara sing njaga ketat pas lagi mangan. Tapi hal kuwi ya biasa. Pasti gunane ya eben bocah-bocah disiplin. Sing ora enak apa? Sing ora enak, ya, kelas sanga sing melu ya setengah saka seangkatan. Mulane pas api unggun sepi nemen kaya kuburan. Yen kanca-kanca pan ngerti, biasane bocah lanang ramene Masya Allah... tapi ora tak duga bisa meneng nemen pas malam api unggun. Jangan-jangan....

     Abaikan sing miki :v Aku bakal critakake kagiyatan-kagiyatan pas kemah. 

     Jam pitu esuk, murid-murid sing kemah wis kumpul ning lapangan sekolah kanggo apel. Ya mesti ana sing telat. Padahal wis diberitau ning undangan yen jam semono ya wis mulai. Sawise apel, bocah-bocah pada siap-siap ngangkuti barang-barange maring truk. Yen reguku sih nggawa mobil dhewe. Perjalanan ya ora nganti sejam. Sawise teka ing Yon Zipur, aku lan kanca-kanca langsung mlayu golet tenda. Jebule tendane kelas sanga wis dibangun. EHEHEH. Seneng atiku :3 

     Reguku milih tenda sing keloro cedak karo tenda guru. Eben yen ana apa-apa perek maring guru lan gampang. Ora nunggu apa-apa, reguku langsung natani barang-barang. Nggelar tiker, lah.. Natani tas, lah... Dilalah e reguku klalen nggawa tong sampah. Untung ana sing nggawa kresek gedhe :v Ya apa olih gawe reguku tong sampah e nganggo kresek wae :v

      Wis kesel karo beres-beres, sing kelas sanga dikongkon istirahat nganti jam 3. Jam 3 sing kelas sanga dikongkon kumpul kanggo yel-yel karo tentarane. Sawise yel-yel, sing kelas sanga bebas. Laka kagiyatan sama sekali. Aku ya kur foto-foto lan ndeleng kagiyatan e kelas pitu lan wolu ning lapangan.

      Dina pertama rampung, pindah kedina loro. Dina keloro iki termasuke enak. Esuke, kelas sanga nglakukake outbound. Rutene adoh nemen. Mlaku maning. Tapi ya arane pramuka. Kesel iku wis biasa. EAAKKK. Outbound rampung jam 11. Balik outbound kelas sanga langsung mlayu maring kamar mandi. Ya iyalah jelas. Klambine teles klebes amarga nyemplung ning kali. 

       Sawise ishoma, jam 2 awan kelas sanga dikumpulake ing lapangan basket supaya mlebu maring angkot. Jadwale kelas sanga ya kaya kunjungan maring kantor dinas bupati lan maring pabrik gula pangkah. Eh, mbuh ding, klalen. Ngko tak inget-inget. HMMMM. Ning kantor dinase bupati padha weruh wayang, gamelan, lan jenise. Ning pabrik gula ya kaya tempat nggo foto-foto. 

       Bengine, ning malem keloro, api unggun dimule. Api unggune kaya sing mau aku crita ning awal. ORA ENAK :( SEPI NEMEN KAYA KUBURAN. Apik-apik, sih, sing tampil. Tapi penontone bisa kaya benda mati kabeh :v

       Esukke ya balik. Aku lan kanca-kanca juga balik nganggo mobil pribadi. Sakdurunge balik, apel ndisit. Tapi, iki sing gawe aku kecewa. Kelas sanga ne bisa dicueki. Ya, sih, bisa ngurusi dewe. Tapi, ya, aja ditelantarke. Melasi. 

       OIYA. Kemah taun iki aku lan reguku juga kenalan lan akrab karo tentarane :v kami sih ngundang e "PA CACA WAOW" /OK. ORAJELAS.

       OK. Aku bakal bagi-bagi dokumentasi pas kemah lan arti saking dokumentasine. Deleng baik-baik :v




Nah, ing duwur iki tendane bocah kelas sanga. Simpel.




Bar beres-beres barang ing tenda, foto ndisit B-)




sakdurunge outbound foto ndisit brooo B-) omong-omong, iki reguku. REGU ASTER B-)




telung taun kemah seregu bae karo bocah loro iki. :*




salah siji foto pas outbound :v teles bareng, kotor bareng, seneng bareng!




sawise kesel amarga outbound, bocah kelas sanga ing dina keloro nglakoni kunjungan maring umah dinas e bupati sing tempate perek karo SMA 1 Slawi. Apik, bro, sis. Isine wayang-wayang lan gamelan-gamelan.







Nah, iki sing paling aku seneng. Sawise maring umah dinas, aku lan liyane meluncur maring kene. Klalen sung arane.. Ngko tak inget-inget :v Nang kene apik tenan.. Yen kanca-kanca bosen lan bingung pan maring ndi, maring mene wae. Lokasine ing Pangkah. Aran tempate nyong klalen :(



Estetik hehehehe


     Nah, semono tok dokumentasi sing bisa aku bagi.. Sing liyane pribadi hehe :D kemah kuwi asyik, gengs. Memang gawe kesel soale aduse ngantrine suwe nemen.. Tapi nang kemah akeh pelajaran sing bisa di jukut lan akeh kenangan kang bisa dikenang sepanjang masa, eak.

oiya. ana bonus saka Tyas keh.
.
.
.
.
CA CA WAOOOOWWWW




Salam hangat,


Tyas :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar