Hai kanca-kanca! Piye kabare? Wis suwe keh ora ketemu... Ea ea :v
Kali iki aku bakal nyeritakake preinanku ing semester siji kelas sanga. Kepriye preinan kanca-kanca? Pasti padha seneng ya? Apa malah ora preinan malah ing umah wae?
Aku, ya, sebenere bisa dikata preinan bisa dikata ora. Bisane? Soale ya, piye ya. Aku preinan iku ing Tegal tok :( Aku ya lunga maring Subang nganter sedulur lan jalan-jalan sedelat. Yen kanca-kanca pengin ngerti aku liburane kaya apa lan kepriben, bisa dibaca kronologine :
- Jumat tanggal 22 Desember 2017, aku lunga maring Subang njemput sadulurku ben preinan ing Tegal. Sawise kuwi aku langsung balik maring Tegal.
- Sabtu tanggal 23 Desember 2017, dina sing deg-deg-an nemen. Soale dina kuwi terima rapot lan aku deg-deg-an olih nilene pira. Kelas sanga iki sainganne angel e porrr. Makane aku wedi lan tawakal bae. Eeeh... Alhamdulillah... Aku juga maring SMP 10 karo Ifa, Nadya, lan Lisa soale ana gathering day. Nah, Sabtu kuwi uga jam 12.00 aku basketan. Basket kuwi ibarat sebagian uripku. Ea. Bengine, aku lan sadulurku maring mall. Mesti sung maring mall. Padahal ora tuku apa-apa :v
- Minggu tanggal 24 Desember 2017, aku lan keluarga jalan-jalan maning maring Transmart. Ning kana dolanan tok. Rencanane pan mangan iwak bakar. Tapi wis golet mana mene, sesek kabeh. Akhire ya terpaksa maring rumah makan sing sepi. Tapi... barang keluargaku mangan, rumah makane dadi rame :v Alhamdulillah.. ning kana ya aku ketemu Jihan Iffani :v
- Senin tanggal 25 Desember 2017, sorene sing mlaku-mlaku. Aku mlaku-mlaku maring PAI. Hehe. Preinanku mesti maring PAI. Kaya ora lengkap yen ora maring PAI :v Cinta Tegal ea :v
ESTETIK :v
- Selasa, Rabu, Kamis, Jumat, aku lan sadulurku ning umah wae. Setiap bengi mesti aku lan sadulurku dolanan game. Ning ora ludo ya ular tangga :v . Seru nemen. Sederhana tapi nyenengake. Ora bakal tak lali kejadian kuwi. Ora lali juga, aku lan sadulurku, sing tak undang 'Teteh' (Teteh kuwi artine kaka wadon), nonton drakor bareng. Alhamdulillah. Aku seneng banget. Bisa bahas k-pop uga.
- Sabtune, tanggal 30 Desember 2017, kanca-kanca SDku ngadakake reuni cilik :v rencanane sih nonton film ning bioskop. Akhire aku lan kanca-kanca SD nonton ning Cinemaxx, Pacific Mall.
Apik tenan, gaes. Nah, nang kana bisa kaya cah ilang :v sing wadon njaluke nonton Surat Cinta Untuk Starla, tapi sing lanang njaluke nonton Jumanji. Sakbenere sih, aku melu-melu wae pan nonton film apa.. Toh, sing penting ana duite :v ya ora? Akhire aku mbujuk kancaku sing wadon eben gelem nonton Jumanji. Alhamdulillah, luluh akhire. EH. JEBULE. TIKET E. LARANGE PORR. YA IYALAH LARANG. BAGI AKU. DUIT SEMONO KUI AKEH NEMEN :( Ikhlas bae, lah, ya. Sing penting seneng. Wis, oh. Film e mule. Eh, ya, pas film e jalan, kanca ne aku sing miki ora gelem bisa girang e nemen -_-. Seneng nemen karo film e. Njaluke apa, ya? Bar nonton aku lan kanca-kanca lanjut mangan ning KFC. Ora lali, sakdurunge kuwi foto-foto ndisit ning Cinemaxx :v
- Minggu tanggal 31 Desember 2017, alias dina terakhir ning 2017, aku nganter sadulurku maneh ning Subang. Jare ayahku, yen ora balik saiki ngko macet. Ya, asline aku sedih nemen. Ketemu, ya, pas preinan tok. Tapi, ora papalah.. Demi ben ora macet. Biasane, sih, bar nganter sadulur ing omah, aku langsung balik Tegal. Tapi aku njaluk mlaku-mlaku muteri Subang. Biasalah, penasaran. Soale kayong pime, yah, aku ning Subang ya kur kaya kue tok. Akhire aku lunga maring ndi kuelah, pokoke sejuk nemen... Mlaku-mlaku ya ora suwe nemen. Sawise kuwi aku langsung pamit lan balik Tegal....
- Dina Senin lan Selasa ing awal taun 2018 aku mung bisa galau, hehe.. Bingung pan apa. Akhire... Nonton drakor :D
Nah, kuwi kronologi ne aku pas preinan wingi. Memang unfaedah. Tapi, bagi-bagi cerita ora salah, kan? Berbagi kebahagiaan iku perlu, kanca-kanca. Ben setiap saat kita kabeh e nduweni jiwa sing tenang lan bahagia.
Nah, piye preinan kanca-kanca? Bagi-bagi ceritane, ya. Sekian critaku kali iki. Maap yen ana salah. Ana saran? Komen bae, ya, hehe. Matur nuwun....
Salam manis,
Tyas








Tidak ada komentar:
Posting Komentar